Minggu, 13 Januari 2013

Piknik ning Cibulan


Cipt. Hj. Dariyah


Kēlingan kula kēlingan
Pelesiran jalan-jalan
Lunga piknik ning Cibulan
Ramē-ramē lan bebaturan

Muter-muter pegunungan
Maksudē luru hiburan
Kanggo bebungah pikiran
Bari luru pemandangan

Rēff.:
Angin gunung sumaliwir
Banyu bening iwakē pating kelibir 2X
Lanang-wadon adus-adusan
Gedē-cilik sesenengan

Kula mlirik ngiwē-nengen
Kaya ngangges ning angen-angen
Pikiran ora karuan

Kēlingan nasibē badan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar