Minggu, 13 Januari 2013

Melati Segagang


Cipt. Sunarto Marta Atmaja

Melati segagang
megar ning pekarangan
Amrat aruma wangi
langka sing nduwēni

Putih suci murni
Narik kumbang sejati
Kepēngēn diparani
Cucrupen madu asli

Aduh sun sang kumbang
Ngerubung pēngēn nrajang
Kuwayang lan kuwayang
Yēn ora kecangcang

Nanging sun melati
Arep sing ati-ati
Watir megar ning tangan
Kumbang sembarangan

Aduh kumbang-kumbang
Yēn pada pengen nrajang
Mēnē aja kepalang
Isun melati karang

Nanging kumbang-kumbang
Emong sing hidung belang
Yēn pēngēn ora sayang
Nyancang mlati segagang

Melati segagang
Lamon durung ana sing nyangcang
Aja watir aja bimbang
Bokat layu dibuang

Melati segagang
Lamon durung ana sing nyancang
Aja watir aja bimbang
Bokat layu dibuang

Pēngēn kumbang sejati
Sing tek senengi ngati
Asal hidup semati
Dunya bareng ngulati

Sepanggung Loroan




Bli bisa diilangaken
Masih tetep bae kangen
Senajan kula wis pisahan
Ning batin tetep kelingan

Sun penegn ketemu maning
Demenan kaya sing dingin
Senajan wong tua bli setuju
Kembang cinta ahire layu

Reff:
Mengkenen temen nasib badan
Cinta putus ning dalan
Senajan mung seumur jagung
Tapi gawe keyungyun

Buktine emong pisahan
Bengen sepanggung loroan

Bareng-bareng Janji



Cipt. Pepen Effendi


W:       Durung percaya kula ning janjine
Sebab durung ana buktine
L:         Kurang apa semene sayange
Njaluk apa srog ngomonga bae

W:       Dudu emas sing tek pengeni
Dudu dunya sing dijaluki
L:         Dadi apa sing dipengeni
Mumpung wulan lintang sing nyakseni

Reff:
W:       Apa sampeyan bener tresna
Sun pasrah jiwa lan raga
L:         Kakang beli bakal bohongan
yen bohong kakang sumpahe edan

LW:     yu bareng-bareng janji
muga disakseni
ning Gusti Kang Maha Suci

LW:     Sapa sing sulaya
Awas kudu nerima
ning cobaane Kang Kuwasa


L = Lanang (Pria)
W = Wadon (Wanita) 

Piknik ning Cibulan


Cipt. Hj. Dariyah


Kēlingan kula kēlingan
Pelesiran jalan-jalan
Lunga piknik ning Cibulan
Ramē-ramē lan bebaturan

Muter-muter pegunungan
Maksudē luru hiburan
Kanggo bebungah pikiran
Bari luru pemandangan

Rēff.:
Angin gunung sumaliwir
Banyu bening iwakē pating kelibir 2X
Lanang-wadon adus-adusan
Gedē-cilik sesenengan

Kula mlirik ngiwē-nengen
Kaya ngangges ning angen-angen
Pikiran ora karuan

Kēlingan nasibē badan

Penganten Baru


Cipt.  Abdul Adjib


Pantes dēn sawang,
wadon lan lanang
Si pengantēn

Manis mēsemē,
karo somahē
Gawē bungah

Sing dadi lanang,
sumpingē kembang
Kembang wijaya

Sing dadi wadon,
sumping melati
Aruma wangi

Rēff.:
Mēndadēnē mēndadēnē
mēndadēnē
Yēn mlaku iring-iringan

Gawē ribut
Pēr bēca
kang jengkringan

Pengantēn baru
Pada setuju

Pengantēn baru
Salaman karo tamu

Lair lan batin,
dunya akhērat
Sumpah suci

Uripē bareng,
mengendi bareng
Sumpah jiwa

Waktunē lunga,
numpakē bēca
Keliling kota

Pengantēn baru
Plesir sampē seminggu

Kamajaya, Kamajaya,
Kamaratih
Pribasanē

Nyenengaken
ingkang dadi
Mertuanē

Ngajaki plesir
Lan cengar-ir
Mampar-ir
Waktune lunga
Numpake vespa kliling kota

Salam tangan4x
Klaton karo kenalan
Pesam-pesem ning vespa
Sepanjang jalan

Penganten baru
Ora kiyeng-kiyeg turu
Oenganten baru
Plesir sampe patang minggu

Lanange jagat
Wadone prawan
Pasangane

Dadi joodne seneng uripe
Sugih dunya