Minggu, 13 Januari 2013

Melati Segagang


Cipt. Sunarto Marta Atmaja

Melati segagang
megar ning pekarangan
Amrat aruma wangi
langka sing nduwēni

Putih suci murni
Narik kumbang sejati
Kepēngēn diparani
Cucrupen madu asli

Aduh sun sang kumbang
Ngerubung pēngēn nrajang
Kuwayang lan kuwayang
Yēn ora kecangcang

Nanging sun melati
Arep sing ati-ati
Watir megar ning tangan
Kumbang sembarangan

Aduh kumbang-kumbang
Yēn pada pengen nrajang
Mēnē aja kepalang
Isun melati karang

Nanging kumbang-kumbang
Emong sing hidung belang
Yēn pēngēn ora sayang
Nyancang mlati segagang

Melati segagang
Lamon durung ana sing nyangcang
Aja watir aja bimbang
Bokat layu dibuang

Melati segagang
Lamon durung ana sing nyancang
Aja watir aja bimbang
Bokat layu dibuang

Pēngēn kumbang sejati
Sing tek senengi ngati
Asal hidup semati
Dunya bareng ngulati