Minggu, 13 Januari 2013

Bareng-bareng Janji



Cipt. Pepen Effendi


W:       Durung percaya kula ning janjine
Sebab durung ana buktine
L:         Kurang apa semene sayange
Njaluk apa srog ngomonga bae

W:       Dudu emas sing tek pengeni
Dudu dunya sing dijaluki
L:         Dadi apa sing dipengeni
Mumpung wulan lintang sing nyakseni

Reff:
W:       Apa sampeyan bener tresna
Sun pasrah jiwa lan raga
L:         Kakang beli bakal bohongan
yen bohong kakang sumpahe edan

LW:     yu bareng-bareng janji
muga disakseni
ning Gusti Kang Maha Suci

LW:     Sapa sing sulaya
Awas kudu nerima
ning cobaane Kang Kuwasa


L = Lanang (Pria)
W = Wadon (Wanita) 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar